Rabu, 08 Oktober 2008

Anehdotegalan

Garokan

CRITANÉ nang Kota Tegal, porèt kèwan asu herder sing didoli tapiné langka surat-surat resminé. Sebab kuwé pihak kepolisian dadi waduké kaku, lan agé-agé gelar oprasi garokan.
Kebeneran baé Kapèr dadi polisi. Dèwèké saben soré patroli nggolèti asu-asu herder sing laka iziné. Pas lagi oprasi garokan, dèwèké weruh Jayèng lagi nggawa mobil. Gonèng polisi Kapèr, mobile Kang Jayèng dikon mandeg.
Jayèng blèh ngarti bisané mobile diandeg. Dèwèké latan takon maring polisi Kapèr.
“Bisané mobile yanu diandeg Pèr?” takoné Jayèng.
“Asu herderé kowen ana izin ora Yèng?”
“Ilokèn karo jakwir énté pan macem-macem?” omongé Jayèng.
“Nyong lagi tugas Yèng, ora pan mandeng kowen jakwir! Ana surat-surat iziné ora?”
“Laka Pèr” jawabé Jayèng.
“Dong kaya kuwé, kepaksané diamana,” jawab petugas polisi.
“Ngko dingin Pèr. Dèwèké kan ora mbutuhna izin oh…” Jayèng ngèngkèng ngotot.
“Kudu!” jawab polisi Kapèr, tegas.
“Lho,? Yanu kan sing nyetir, aja kharat énté Pèr??”

Tidak ada komentar: