Selasa, 18 November 2008

anehdotegalan LANANG SETIAWAN



Tèh Celup

CRITANÉ Dasmad, Kapèr, lan Jayèng dadi drakula, lagi pada kumpul nang kafé Emblak Embluk. Sauwisé ngobrol ngalor-ngidul, Drakula Dasmad Cs pada ngorong.
“Hai pelayan! Nyong pesen inungan getih prawan ting-ting” omongé Drakula Dasmad maring pelayan kafé. Ora suwé pelayanané teka.
“Yanu pesen sebotol getih kakèk-kakèk. Ngorong nih, gagiyan!” omongé Drakula Jayèng maring pelayan kafé.
Ora suwé pelayané nggawa inungan sing dipesen Drakula Jayèng.
Saiki giliran Drakula Kapèr, pesen sagelas banyu putih, ndadèkna Drakula Dasmad lan Drakula Jayèng cekakakan.
“Saiki raimu wis insaf, Pèr? Ora nginung getih maning?” omongé Drakula Dasmad kambèn Drakula Jayèng.
Drakula Kapèr ora nyuwara, kur tangan tengené sing ngrogoh sak ngingsoré, ngetokna softex.
“Akhir-akhir kiyé, nyong lagi seneng nginung tèh celup, bol!” omongé Drakula Kapèr (Lanang Setiawan)





Layang

NANG zaman susah waktu kiyé, barang-barang larang kabèh, akibaté akèh uwong sing pada mblangsak. Salah sijiné Kapèr sing waktu kiyé lagi mbara nang Jakarta, ora bisa kirim wèsel maring bojoné, mung cukup kirim layang. Isiné kaya kiyé:
“Bojoné enyong sing ayu dèwèk, wulan kiyé enyong ora bisa kirim duwit. Bisané mung ngirimi kowen 1000 kecupan. Maafé sing gedé ya? Lakimu Kapèr”.
Samingguné Kapèr olih balesan layang sing bojoné. Isiné kaya kiyé:
“Lakiné enyong Kang Kapèr sing paling bagus. Makasih kiriman 1000 kecupané sampèyan. Kanggo wulan kiyé, enyong pan laporan soal rèng-rèngan pengeluwaran kaluwarga…”
Sadèlat-dèlat Kapèr ngunjal ambekan maca layang sing bojoné. Latan diwaca maning terusané:
“Sing dodol lenga tanah gelem nrima kecupan pipi kiwa tengen saka enyong saben-saben nyong olih gratisan 5 liter lenga tanah. Tukang listrik gelem dibayar nganggo patang kecupan dong tanggal 10 saben wulané. Samana uga sing duwé umah kontrakan, ora nolak dibayar nyicil, nganggo kecupan ping telu saben dinané. Tapi sing paling crèngkèng, malah Kang Jayèng. Dèwèké ora gelem dimèin kecupan, njaluké liyané. Kepaksané tak mèin apa sing dijaluk. Moniné, utangé sampèyan waktu pan mangkat maring Jakarta, bur baé ya ora papa. Malah dèwèké nawani dong butuh duwit, ngomong baé, bayaré biasa. Kaya kuwé jaréné Jayéng. Ya wis ya Kang? Samèné baé layang sing enyong: Dariyah..…” (Lanang Setiawan)







Pertambangan

YAHANUNÉ Kapèr pan maring Jakarta numpaké sepur Argo Loyo. Kambèn ngentèni sepur mangkat, dèwèké ngobrol karo calon penumpang liyané sing tujuané uga pada. Wong loro bener-bener numpak sepur, njagongé pas temen jèjèran. Kanca perjalanané Kapèr, uwongé bagus. Sandangané perlènte, lan mambuné wangi nganggo parfum pièrecardin.
Iseng-iseng, Kapèr takon maring dèwèké.
“Dinasé nang endi Pak?”
“Nang Pertamina. Bapaké sih nang endi?” wong sing dijak ngomong Kapèr balik takon.
“Oh…nyong tah dinas nang Pertambangan, Pak” jawabé Kapèr.
“Wah hèbat dong! Tambang emas apa batu bara?” takoné.
“Dudu…”
“Lha sih, nang endi Pak?”
“Maksudé enyong, enyong kiyé wong sing sokan nggawèni Tambang kaya dèné Tambang Duk lan liya-liyané!” (Lanang Setiawan)



Keterangan Gambar: ANGELINA JULIE








Minggu, 02 November 2008

ANEHDOTEGALAN LANANG SETIAWAN


Disetip

DASMAD nglola Tabloid Mingguan Queena’ sing paling top nang Tegal. Britané werna-werna, ana pulitik, pariwisata, pendidikan, kriminal, uga brita keseniané. Waktu saprèné, Lurah Lawas nang Kota Tegal pan diganti gonèng Lurah Anyar. Kanggo nyambut Lurah Anyar, Dasmad ngongkon wartawané njaluki komentar para seniman soal kepibèn Lurah sing pan teka bakal peduli karo kesenian apa belèh. Masalahé, Lurah sing pan lirèn, maring jagad kesenian log-logan nemen kaya mangan kolok. Dadi bèn Lurah Anyaré ngarti maring kahanan seniman, komentar-komentar saka para seniman prelu britakna.
Gelisan crita, brita lan gambar para seniman dimuat sagedèn-gedèn nang Tabloid ‘Queena’. Ana gambaré Kapèr, Um Wapèk, Glèmboh, Jayèng, uga Um Kriwil. Mung nang britané justru laka komentaré Um Kriwil. Bab kuwé sing akhiré ndadèkna Um Kriwil ésuk-ésuk kirim sms maring Dasmad.
“Kowen payah Mad. Nang britané ana gambaré enyong ganing komentaré laka. Pancèn, nyong saiki dudu warga penduduk Kota Tegal. Nyong dadi wong Kabupaten Tegal, tapi kowen kan paham. Telung puluh siji taun, nyong ngabdi dadi seniman nang Tegal. Ilokèn, arané nyong disetip, dicorèt? Ora dianggep sacuil-cuil acan? Toli kaé, si Jayèng sing jelas-jelas warga Mejasem, sakabupatèn karo enyong, bisané ana komentaré? Ana apa ya?”
Maca sms-é Um Kriwil, ora kurang akal Dasmad mbales sms-é Um Kriwil.
“Ilokèn kowen ora paham, Wil? Nang Kota Tegal kuwé ana motor sing lagi kiter-kiter ngubengi Alun-alun, ana tukang bècak sing lagi nodong pangsit nang Pak Jaya ngarep Balai Kota Tegal, ana mobil lagi sliwar-sliwer, ana grobag wedi, ana dokar sing nggawa wong sarahan penganènan, ana bakul soto, tahu upil, lèngko, jajan ondol-ondol, uga ana odong-odong. Pokoké plit-komplit! Kowen kari milih kik kik kik…”.