Kamis, 11 Desember 2008

KUMPULAN ANEHDOTEGALAN LANANG SETIAWAN

Bayanganmu

KIYÉ critané Kapèr jaman mèsih mbrahol-mbraholé, senengé maring lokasi Peleman. Gelisan baé Kapèr waktu kuwé lagi pan énak-énakan kambèn pacar gelapé nang kamar. Wong lanang wadoné wis pada ucul-ucul, ujug-ujug wadoné mencolot saka peturon. Kapèr kagèt ora kira-kira.
“Ana apa, bisané kowen mencolot?”
“Kaèh rongokna Kang, nang njaba ana lagu nyemek-nyemek nemen. Lagu Elvi Sukaesih, lagu kesenengané enyong!” jawab pacar gelapé Kapèr.
Kepaksané kupingé Kapèr ngrongokna lagu saka tipé rèkoder.

Bayanganmu selalu menggoda
membuatku tiada bedaya
membuatku sedih oh oh…


Kapèr waduké kaku, saguluné porèt nemen ndeleng pacar gelapé sing malah ngigel nang adepané. Manuké Kapèr sing mauné akas, dadi tiarap maning. Dasar tlembuk compong, yèrak! Pan dipangan malah ngigel-ngigel. Kapèr akhiré metu saka kondong tlembukan, nyangga endas mumet peng-pengan.


Ora Hèbat

KANG Dasmad alias KD jawané dadi Direktur PT. Radio “Laras Queena” sing tembé dibangun nang Kota Tegal. Nang radioné dèwèk, KD gawé program brita. Arané “Info Sakletik”, reporteré Kapèr. Samana uga Jayèng dadi reporter nang Radio Emblak Embluk.
Salah siji dina Jayèng nelpon Kapèr.
“Pèr, antène radioné yanu ambruk!”
“Ana korbané ora Yèng?” takoné Kapèr.
“Laka!”
“Ya ora layak brita Yèng. Ora hèbat!”
Salah siji dinané maning, Jayèng olih telpon saka Kapèr.
“Yèng, nyong ora bisa siaran”
“Sih kenangapa?” semauré Jayèng.
“Antène radioné enyong ambruk!”
“Ana korbané ora Pèr?”
“Aa…”
“Ya ora layak brita Pèr. Ora hèbat!”.


Blantik

DASMAD, Kapèr, lan Jayèng lagi nang kafé Embak Embluk, ujug-ujug ana wong wadon ayu saporèté. Anggonané hot nemen, roké mini, pupuné putih mulus kaya iwak tongkol. Wong telu ngiler deleng wong wadon sing liwat nang ngarepé.
“Nyong wani sajuta, Mad!” omongé Kapèr.
“Yanu rong juta wani jahat Pèr!” omongé Jayèng ora gelem kalah.
“Nyong telung juta bé wani, bol!” Dasmad nyekak stèr maring jakwir-jakwiré.
Telung menit sauwisé, mbak slonong ana wong lanang gedé duwur brengosan marani maring mèjané Dasmad Cs.
“Sampèyan kabèh pada ngomong apa, hèh?” takoné.
Wong telu krasa dadané runtag kabèh.
“Ora ngomong apa-apa, Kang” semauré Dasmad Cs.
“Sampèyan aja pada mukir! Aku krungu dèwèk, ana sing ngomong sajuta, rong juta, lan telung juta. Karepé apa?” omongé wong lanang sing gèdé duwur kuwé.
Wong telu tambah panik, siji baé laka sing wani nyuwara.
“Gagiyan ngomong! Sapa sing wani limang juta, tak lepas saiki!”
Dasmad Cs saiki tembé ngerti, jebulé wong sing marani dèwèké, ora liya tukang blantik wadonan!


Cup-cupan

MALEM bada Ji, nang umahé Dasmad ana wedus siji sing pan nggo qorban. Jayèng, Um Wapèk, Glèmboh, Um Brindil, Kapèr, lan tentuné Kang Dasmad alias KD sing pan qurban pada kumpul. Apèn-apèné lagi pada lèk-lèkan.
“Nyong sikilé…” omongé Um Wapèk sing wis ngecupi.
“Cup! Nyong endasé, Mad” omongé Um Wapèk.
“Nyong atiné kambèn empeduné nggo jamu sisan” jaré Um Brindil.
“Yanu terpèdoné plus dagingé” omongé Jayèng.
“Nyong kebagian apa Yèng? Wong wis dicupi kabèh?” omongé Kapèr.
“Énté ora susah kakèhen rèka. Énté wuluné, bol!”.


Kado Pengantèn

KIYÉ critané Kapèr waktu tembé baé bebojoan. Wong lanang wadon lagi mbukani kado nang kondong pengantèn.
“Kang, delengen . . . kiyé ana kiriman kado saka Jayèng, Pot Kembang, artiné Kang?” takoné bojoné Kapèr.
“Artiné, kowen dadi Pot-é lan enyong Kembangé” jawabé Kapèr.
“Saiki delengen Kang, ana kiriman kado saka Glèmboh ujudé Asbak, artiné apa Kang?”
“Artiné, kowen dadi Asbaké lan enyong Rokoké” semauré Kapèr.
“Lha kiyé ana sing mèin Figura saka Um Wapèk, artiné apa Kang?”
“Artiné, kowen kuwé Figurané lan enyong Tukang Fotoné!” jawabé Kapèr.
Kado selanjuté dibuka maning gonèng bojoné Kapèr.
“Kang, mèné gèn. Delengen, apik nemen kyèh! Kang Dasmad mèin kado Sarung, artiné apa Kang?”
“Ah, kuwé artiné, kowen Sarungé lan enyong Selangé!” jawabé Kapèr .


Qurban

GLÈMBOH lagi lèyèh-lèyèh nang kursi males. Ujug-ujug ana sms mlebu maring hapèné. Koran sing lagi diwaca didalah nang mèja. Tangan tengené ngrogoh sak, njukut hapèné. Hapé dibuka, ana sms saka anak wadoné sing lagi sekolah nang Lanjutan Atas.
“Bah, ngèsuk bayar qurban 20 éwu” isi sms anak wadoné.
Glèmboh ngunjal ambekan. Latan njawab sms anak wadoné.
“Sing duwé inisiatip qurban kuwé sapa Nok?”
“Wali kelasé, Pak Guru Jayèng Bah. Moniné, mumpung ana bada Jinan” jawab anak wadoné Glèmboh
“Bada Ji wingi, wis qurban...” omongé Glèmboh mbales sms anak wadoné.
“Iya Bah. Jaré Pak Jayèng, sataun sapisan. Miki nyong wis ditagih Bah” rèngèk anak wadoné.
Abah Glèmboh ngelus dada. Latan mbales sms anaké.
“Ngomong ya Nok? Wong qurban kok urunan sih? Sing nganakna qurban, jarèné Pak Jayèng. Ilokén saben taun wali muridé didadèkna qurban terus-terusan? Guru-guruné kapan didadèkna qurban Nok?”.


Tangan

KAPÈR dadi dokter. Salah siji dina ditekani Kakèk-kakèk pan priksa penyakit.
”Kaya kiyé dok, tangan kiwané enyong kayong mati separo ora bisa digerakna,” omongé si Kakèk.
”Kuwé ta, jalaran si mBah umuré wis uzur” jawab Dokter Kapèr.
Karo mbentak si kakèk culag alias sèwot maring dokter.

”Dokter!”
“Iya Mbah, pripun?” semauré Dokter Kapèr.
“Dokter aja mbodoni…”
“Mbodoni pibèn mBah?” takoné Kapèr.
“Buktiné, tangan kiwané enyong sing umuré pada baé kambèn tangan tengené enyong, bisa tak gerak-gerakna. Dokter mègin enom aja mbodoni, aja nrocok maring wong tuwa oh…!”
Dokter Kapèr ora bisa nyuwara, rainé mengkered.


Suwara Anèh-anèh

GLÈMBOH teka nang dukun Kapèr. Jaré tangga-tangga, Glèmboh klebon makhluk alus. Kuduné, Glèmboh digawa maring dukun bèn roh alusé lunga saka awaké.
Barang anjog nang umah dukun Kapèr, dèwèké langsung digawa nang kondong sing remeng-remeng. Mung ana klasa lan sajèné, uga menyané sing dibakar. Gonèng dukun Kapèr, dèwèké dikongkon njagong nang klasa.
“Saiki matané kowen merem, lan tangané sedakep, konsentrasi. Matané kowen aja wani-wani dibuka dong nyong ora kongkon. Paham?” penjaluké dukun Kapèr.

”Okèm Mbah”
Sepi seketika.
“Kang...” dukun Kapèr nyuwara.

”Yaul Mbah…”
”Apa kowen pernah ngalami hal sing anèh-anèh?” takoné dukun Kapèr.
”Maksud Mbah?”
”Ya, misalé kowen krungu suwara tapi langka jongkoté”
”Pernah, Mbah”
”Kapan tur nang endi?” takoné dukun Kapèr.
”Saiki, nang umahé Mbah.....”.


Ngisi Mangsi

CRITANÉ Kapèr wis patang wulan kursus computer nang tempaté Kang Dasmad alias KD. Gagahan nemen kanca-kancané KD saiki pada genau kursus computer. Jaré Kapèr moniné zaman modèren kudu bisa computer bèn ora ketinggalan. Mulané ora éram adong Kapèr genaunan kursus.
Salah siji dina Kapèr dolan nang Jayèng sing lagi pan ngeprin surat, tapi mangsiné entong, dèwèké kèder cara ngisiné nang katrité. Kebeneran Kapèr anjog nang umahé, ngiras-ngirus kon ngisi mangsi.
“Éh, kebeneran nemen énté anjog nang umahé Yanu Pèr” omongé Jayèng waktu Kapèr teka nang umahé.
“Ana apa sih?”
“Yèki Pèr, Yanu pan ngeprin surat tapi mangsiné entong, Yanu blèh paham ngisiné. Énté sing mèlu kursus computer nang KD tulung diisikna” Jayèng ngongkon maring Kapèr.
“Sori berat Yèng, nyong blèh bisa,” jawabé Kapèr.
“Énté kan kursus nang KD oh, ilokèn blèh bisa? Énté aja yahanu, dijaluki tulung jakwir kayong kangèlan. Tak kèprèt lha uwis…”
“Sung Yèng! Nyong angkat tangan. Soalé nang tempat kursus laka pelajaran ngisi mangsi!” jawabé Kapèr.


Kwitansi

CRITANÉ Dasmad dadi dokter ahli bedah plastik. Dèwèké tembé baé ngilangna kriput sing ana nang guluné pasièn wadon, uga nyiliki cangkemé sing dowèr lan ndandani cunguré sing mblesek menjero dadi mancung.
”Saiki apa maning sing perlu tak bantu, bu?” takoné Dokter Dasmad.
”Nyong njaluk supaya matané nyong luwih mencilak” omongé si pasièn.
”Oh . . .kuwé tah cèrèm, ora perlu dioperasi. Mengko pembantuné enyong kon nyerahna kwitansi sing kudu sampèyan bayar” omongé Dokter Dasmad.
Barang pembantuné Dasmad nyodorna kwitansi, jumlahé ora kira-kira kosih 9 juta, matané si pasièn mencilak kaya barongan.


Jumat, 05 Desember 2008

JEDJEDAN JILIT DUA


Hari Sastra Tegalan
Jed-jedan
Maca Puisi Jilid 2

PERAYAAN Hari Sastra Tegalan (PHST) yang diusung Komunitas Sorlem di Semarang dan Surakarta (24-25/11) lalu direncakan akan digelar juga di Tegal pada Minggu (14/12) malam mendatang di Rumah Dinas Wakil Walikota Tegal. Hal itu dikatakan Ketua Penyelenggara PHST, Nurngudiono, Jumat (05/12).
“Penyelenggaraan Hari Sastra Tegal jilid dua ini didasarkan atas banyaknya telpon dan SMS masuk ke handphone saya, setelah dirempuk akhirnya kami sepakat untuk menggelarnya lagi,” ujar Nurungudiono yang diiyakan Dwi Ery Santoso.
Tujuan dari pergelaran seni ini, sebagai suatu langkah penegasan bahwa Hari Sastra Tegalan yang bertepatan pada tanggal 26 Nopember itu perlu dirayakan, mengingat Sastra Tegalan dewasa ini semakin menjadi bagian yang tak terpisahkan dalam kehidupan linguistik dan komunikasi antar lapisan masyarakat Tegal.
“Kehadiran Sastra Tegalan sudah tak bisa lagi dianggap remeh temeh. Keberadaan Sastra Tegalan telah menggoda, menerjang dan mendobrak sekat-sekat keangkuhan pemakai bahasa wetanan yang --pada tatanan tertentu-- dianggap paling adhiluhung. Padahal yang namanya bahasa itu tak ada yang lebih tinggi dan lebih rendah. Kedudukan bahasa itu sama fungsinya,” papar salah satu pemerhati budaya lokal Mas’udi Ach Jeparan.
Nurngudiono menambahkan, pegelaran PHST menjadi sebuah tonggak kebesaran bahasa lokal Tegal yang tak bisa diabaikan. Sastra Tegalan perlu hadir di tengah masyarakat Tegal agar mereka makin mencintai bahasa ‘ibu’-nya sendiri.
“I'tikad baik kami untuk menyelenggarakan kegiatan ini agar masyarakat Tegal lebih mengenal jati dirinya sebagai wong Tegal,” katanya.
Tiga anggota DPRD Kota Tegal yang sudah siap membaca puisi Tegalan diantaranya Tatang Suandi, Supardi dan Emma Karimah. Dari para seniman yang siap tampil baca puisi Tegalan yakni Diah Setyawati, Hamidah Abdurachman, Hartono Ch Surya, Tambari Gustam, Dwi Ery Santoso, Bontot Sukandar, Nurhidayat Poso, dan Nurngudiono lengkap dengan KMSWT-nya. Sementara untuk penampil monolog Waslam karya Moch Hadi Utomo dibawakan Bramanthi S Riyadi. Ada juga Hj Rosalina Ikmal yang bakal membacakan puisi tegalan karyanya bersama penampilan Walikota Kota Tegal Adi Winarso dan Wakil Walikota Maufur.
Diharapkan, acara ini kelak menjadi pegelaran seni spektakuler serupa acara Jèd-jèdan Maca Puisi Tegalan antara para seniman, pejabat, walikota/bupati Tegal, dan anggota DPRD Kota Tegal pada tanggal 31 Mei 2006 silam (LS)

KETERANGAN FOTO : Para Seniman Tegal nampang bareng di Sanggar Wayang suket, Ki Slamet Gundono, saat sebelum pentas Perayaan Hari Jadi Sastra Tegalan di TBS (25/11) lalu. Sebelumnya pada tanggal (24/11)