Minggu, 02 November 2008

ANEHDOTEGALAN LANANG SETIAWAN


Disetip

DASMAD nglola Tabloid Mingguan Queena’ sing paling top nang Tegal. Britané werna-werna, ana pulitik, pariwisata, pendidikan, kriminal, uga brita keseniané. Waktu saprèné, Lurah Lawas nang Kota Tegal pan diganti gonèng Lurah Anyar. Kanggo nyambut Lurah Anyar, Dasmad ngongkon wartawané njaluki komentar para seniman soal kepibèn Lurah sing pan teka bakal peduli karo kesenian apa belèh. Masalahé, Lurah sing pan lirèn, maring jagad kesenian log-logan nemen kaya mangan kolok. Dadi bèn Lurah Anyaré ngarti maring kahanan seniman, komentar-komentar saka para seniman prelu britakna.
Gelisan crita, brita lan gambar para seniman dimuat sagedèn-gedèn nang Tabloid ‘Queena’. Ana gambaré Kapèr, Um Wapèk, Glèmboh, Jayèng, uga Um Kriwil. Mung nang britané justru laka komentaré Um Kriwil. Bab kuwé sing akhiré ndadèkna Um Kriwil ésuk-ésuk kirim sms maring Dasmad.
“Kowen payah Mad. Nang britané ana gambaré enyong ganing komentaré laka. Pancèn, nyong saiki dudu warga penduduk Kota Tegal. Nyong dadi wong Kabupaten Tegal, tapi kowen kan paham. Telung puluh siji taun, nyong ngabdi dadi seniman nang Tegal. Ilokèn, arané nyong disetip, dicorèt? Ora dianggep sacuil-cuil acan? Toli kaé, si Jayèng sing jelas-jelas warga Mejasem, sakabupatèn karo enyong, bisané ana komentaré? Ana apa ya?”
Maca sms-é Um Kriwil, ora kurang akal Dasmad mbales sms-é Um Kriwil.
“Ilokèn kowen ora paham, Wil? Nang Kota Tegal kuwé ana motor sing lagi kiter-kiter ngubengi Alun-alun, ana tukang bècak sing lagi nodong pangsit nang Pak Jaya ngarep Balai Kota Tegal, ana mobil lagi sliwar-sliwer, ana grobag wedi, ana dokar sing nggawa wong sarahan penganènan, ana bakul soto, tahu upil, lèngko, jajan ondol-ondol, uga ana odong-odong. Pokoké plit-komplit! Kowen kari milih kik kik kik…”.

Tidak ada komentar: